Tuwuh
saka jroning ati, tak suwun sing padha nglenggana,
yen
bakale kabeh ketemu ing tuwa,
Bebasan
wit-witan ing uni godhong ngrembuyung ijo royo-royo,
nyengsemake,
sakmangsane godhong kuwi dadi kuning,
garing,
mranggas, ronthog, gogrok ing bumi.
Ora
bedha karo manungsa, wektu iki isih gagah pidheksa,
kaya
kumawasa, adigung adiguna.
Datan
rumangsa lelaku ing pucuking tuwa,
aji
mumpung lan kumalungkung, ora dunung marang hyang agung.
Tak
suwun sing padha nglenggana, tekan wancine padha bali ing bumi,
isih
durung kasep, ana wektu kanggo siaga tumata-tata.
Manjing
ing pamelengan, mandhita.
Ora
ana kang bakal langgeng, kudu tansah eling : SANGKAN PARANING DUMADI.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar