Sabtu, 14 April 2018

NGUNDHUH WOHING PAKARTI

Landheping pikir kuwi kautaman
Bakal murwakani panguripan pinilih
Ora mung ngendhel ke lantiping ukara, lan trajuning olah basa kang tumurun,
Sejatine urip kuwi, ngundhuh wohing pakarti
Bebasan tetanduran siniram banyu bening
Dumadine papan kang mikolehi
Merbawani, sinawang ing pucuking mega-mega
Nanging ana sing isih kudu didandani
Nalikane panyuwunan durung tumuju
Ana ringkihing ati kang gawe goreh, nyandhet panggayuh luhur,
Ngundhuh wohing pakarti,
aja nganti kadaluwarsa,
Isih ana wektu....

Witantono Dumadi, April 2018

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar