Minggu, 10 Maret 2019

DHUDHU PANASE GENI

Wayahe isih durung ganti mangsa,
nanging hawa panas iki, wis nerjang ana ing tengahing wektu.
Panas kang ora sak baene,
dhudhu panase geni uga dhudhu panase srengenge,
nanging hawa panase ati ngemu pamrih,
awit pitulas april kang wis ngawe-awe,
amiwiti cebol-cebol nggayuh lintang,
rebut dhampar sing durung sakmesthine sinawang,
waton ora padha milik nggendhong lali.
Panyuwunku, aja padha cidra yen ta wis dadi raja,
aja gumamphang yen ta ws dadi kondhang,
aja padha lamis yen ta wis manitis.
Kabeh mau mung sandhangan,
kang kudhu den upakara,
minangka titipan saka Gusti Illahi,
17 april tansaya caket,
lila legawa yen ta durung mangsane, isih ana wektu.

Srandil, Maret 2019

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar