Minggu, 02 Februari 2020

Pamit

Lilanana aku pamit,
mungkur sawetara hangulat sarira,
kang sadina-dina rumentah rasa.

Pancen, durung tuthug anggonku tumandhang,
hamungkasi gegayuhan,
hanetepi lelabuhan, mangka,
sakabehing pangolah daya,
sakabehing pangolah rasa lan sakabehing pangolah pikir,
wus tak suntak kanthi lila legawa, murih kuncaraning para kawula, murih tetep madheging gapura praja tansaya jejheg ajheg minangka prasasti.

Ewasemana, paribasan isih adoh panggang saka geni, awit kagawa tumapaking wektu, kudu kandheg ana ing separo nyawa,
surasane wis tinulis becik,
terang terwaca kinanthi sesanti,
minangka warisan kang sinedya.

Ora krasa luh bening tumetes,
kagawa sumedhoting ati kang wis kadhung nyawiji manunggal, prasasat sedulur sinarawedi,
ora mung saiki lan wingi, nanging wis tanpa petung warsa,
lilanana, lilanana aku pamit, nadyan ninggal ati cuwa, nadyan ninggal ati kuciwa,
"akeh durung mesthi cukup, setithik durung mesthi kurang,"
nyata dudu trahing kusuma rembesing madu, nanging bisa paring boga marang kang keluwen, paring sandhang marang kang kawudhan.
Urip kuwi urup,
lilanana aku pamit,
tak sesuwun tansah panggih raharja,
sowang-sowangan luber ing pangaksama.

Lilanana aku pamit,
isih ana dina sesuk kang bakal nemoni,


Feb 2020@witantono.
PSDA Probolo Kta.

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar