Sabtu, 11 November 2017

November 10

Jendela November sepuluh,
ana sejarah kang ninggal tatu,
November sepuluh,
ana sejarah kang nggawa tangis,
tangis pangorbanan saka palagan Surabaya
Ah, giris miris..... nyawang getih-getih abang nelesi bhumi 
lan raga-raga wis suwung, tininggal sukma
Lelabuhan kang gedhe, ana ing November sepuluh.

Srandi Nov '17

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar