Sabtu, 11 November 2017

TEMBANG KEMBANG

Kembang kuwi isih ngrembaka,
kembang kuwi tansaya ngrembaka
kembang kuwi bakal terus ngrembaka,
paring seserepan nggawa khabar katentreman.
Njalari anthebing ati saka mulur miyur,
ana rasa ayom kang gawe tathag.
Wijiling sri pujangga kang wijang,
ngemu rasa jero jroning dadha,
Nanging kabeh mau mung kaya impen,
nanging uga bisa dadi kasunyatan.
Lamun padha puguh ing pangrasa,
yen ta permati marang sri pujangga wis nyaru marang jiwa raga lan rupa.
Wis tumitis ana ing kembang kuwi,
Sapa sejatine......??
ana dina kang bakal paring wangsulan.

Srandil Nov '17

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar