Sabtu, 11 November 2017

NGUNDHUH WOHING PAKARTI


Landheping pikir kuwi kautaman
Bakal murwakani panguripan pinilih
Ora mung ngendhelke lantiping ukara lan trajuning olah basa kang tumurun
Sejatine urip kuwi, ngundhuh wohing pakarti
Bebasan tetanduran siniram banyu bening
Dumadine papan kang mikolehi
Merbawani, sinawang ing pucuking mega-mega
Nanging ana sing isih kudu didandani
Nalikane panyuwunan durung tumuju
Ana ringkihing ati kang gawe goreh, nyandhet panggayuh luhur
Ngundhuh wohing pakarti, aja nganti kadaluwarsa
Isih ana wektu....


Tidak ada komentar:

Arsip Komentar