Selasa, 11 Oktober 2016

Pacoban

Ukara wingi ngemu teges
Jroning panguripan ukara iki tansah dadi sandangan
Pacoban, tumekane angel diendhani
Pacoban, gedhe cilik paring pepenget
Pacoban, sejatine raga kebak reged
Becik tansah eling lan waspadha,
sasmitaning gesang kang kudu jinangka,
hambeg angkara agawe cilaka
Pacoban dadi pambuka ning eling mring GUSTI.


Srandil, Oktober 2016 (Witantono Dumadhi)

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar