Jumat, 03 Mei 2019

CATHETAN 17 APRIL

Gonjang-ganjing rebutan panguasa wis lerem,
gethering dhusta lan fitnah uga wis mungkur,
lamun tinarbuka angka-angka kuwi ninggal cathetan,
sawetara isih bungkem.
Sing rumangsa beja hanephuk dhadha,
kosok baline marang sing cilaka,
banjur sambat sora dhatan legawa.
Urip kuwi urub,
urip kuwi hanguripi, parandene padha ora mengeti,
tumekaning saiki tetep dadi sedulur narphati,
bebarengan nyangga bhumi pramesthi,
yen ta ninggal cathetan,
sing wis kelakon dadi lakon,
aja nganti mbubrah kekadhangan,
tinulis mangsi emas dadi cathetan samangsa,
sesuk kudu luwih becik, katimbang saiki.

- Srandil, Mei 2019 -

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar