Sabtu, 23 Juni 2018

Nalika Semburat Idul Fitri ing Argopeni

Wancine wayah esuk, 
sawengine rumesep suluk-suluk takbir,
kang ginawe padhanging jiwa, 
sakwise sewulan meper kridhaning angkara hawa lan nafsu,
bebasan datan bisa polah lan obah, 
kekancingan dhawuh kang kudu den ugemi,
minangka wujud bhekti mring Gusti.
Wancine wayah esuk, 
tumuli wis nyemburat bagaskara idul fitri,
mratandhani sumelehing kaluputan, 
mratandhani pasrahing kadosan kang wis kantru ing wektu.
Mligi ngupadi lebur dening pangestuti mring sa-padha2.
Antebing kalbu ing pangaksama, 
semburat idul fitri mijil dadi putih,
bebarengan ngonceki rereged, 
manunggal manjing ing kasucian.
Semburat Idul Fitri ing argopeni, 
ora bakal ninggal janji, tansah dadi tradisi,
wiwit ing uni tumekaning iki.
Muga pantes sinudharsana, 
Idul Fitri ing Argopeni merak ati .......

@ Srandil, Pungkasan Ramadhan

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar