Rabu, 09 Mei 2018

MUMPUNG ISIH KETEMU ing SIAM

Tak suwun sing padha permana ing pamawas,
Tak suwun sing padha permati ing pambudhi.
Samubarang kudhu tansah waspadha lan ngati-ati.
Linuwih ana ing candra suci, kang wis ngancik jroning ati.
Apa dhawuhe Gusti Sang Hyang Widi,
Wis piniji dadi siji mring sanubari, kudhu tansah diugemi, minangka sanguning bali.
Iki wektu kanggo ngonceki dhiri,
Murih antuk lumebering pangastuti.
Mumpung sukma lan raga taksih kuwawa nampa sabdatama,
Ketemu jroning candra panebusing dosa,
Yen wis dadi crita, mung ana panalangsa lan kelara-lara,
Sambata ngaruara ora bakal ana tamba.

Srandil mei 2018

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar