Rabu, 14 September 2016

PATANG WULAN



Durung bisa nyawang, marang obahing jagad,
Umur durung cukup, nanging rasa kinasih kang jero bapak ibu,
agawe padhang sesawangan jroning gua garba
isih sawetara anggonku bisa nyawang pasuryan bapak ibu,
apadene obah mosiking jagad
tak suwun padha sabar ing galih,
yen wis tekan mangsane, aku bakal dadi kudangan.

Marang calon ibu

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar