Sabtu, 12 Oktober 2019

UMHUK

Hasil gambar untuk ekspresi sombong siluet
Piranti urip kang tansah nggondheli rasa,
kalamangsane sesandhingan ing sedina-dina,
dadi kekuatan kang murakabi
sing rumangsa duwe banjur kluruk,
mripat kocak ngondar-andir,
nebah jangga, sumbar swara nggegirisi.

Umhuk, ngumbar hawa panas,
kaya-kaya wis dadi panguwasa jagad.
Bancindhe banciladhan,
nganggep sapadha-padha tanpa aji,
umhuk kagawa ing panguripan,
a..k..u.. ora ana liyane...


Srandil, 25 September 2019

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar