Tumrap panguripan,
nggayuh sakabehing kamulyan,
mesthi mawa banthen,
kudu nggawa korban,
tangeh lamun tanpa kuwi bisa kasembadhan,
nanging, gedhe cilike gumantung ing gegayuhan.
Pinasthi kuwi wis dadi kodrat, wis sinerat jroning kitab, tanpa aling-aling.
Akehing tuladha minangka kaca benggala,
nalikane padha rebut panguasa,
ora mung cukup bandha donya lan raja brana,
ananing uga raga lan nyawa,
kamulyan sejatining mung peparing.
Yekti bisa dadi kuncara,
tanpa ati kang tumata lan legawa,
ora cukup nganggo urubing hawa,
ngumbar angkara mring sa-padha2.
Begja-begjane kang eling lan prayitna,
nggayuh kamulyan sakmesthine.
Ora kaya wingi,
21-22 mei,
tansah kagawa ing impi,
Duh Gusti,...........
- Srandil, Juni 2019 -
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Arsip Komentar
Yvette commented on riwayat sejarah: “Selamat tinggal, Nama saya Yvette dan saya tinggal di Belanda. Saya menemukan blog Anda melalui…”
Tomatmaniz commented on ketua rt 06: “Selamat mengemban tugas Bapak Triyatno smg amanah ,sehat selalu,semangat🫰🏼🥳”
Anonymous commented on progres pembangunan 2021: “Assalamuallaikum bpk/ibu Saya dari AB07 KARPET mau nawarin karpet masjid.bisa pasang dilokasi…”
Argopeni Kutoarjo commented on progres pembangunan 2021: “Aamiin...”
Argopeni Kutoarjo commented on khitanan massal ke 7 1439 h: “Khitanan massal 2019 sudah dimuat di…”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar