Sabtu, 06 April 2019

PINASTHI

Lamun durung pinasthi, aja banjur kedhuwung, linuwih ngedhoh ing srawung, dalan iki isih durung rampung, bebasan terus sinambung, ora guna nggondheli pinasthi, thundone gawe sireping jati, trubus pupus tansah hangawuri, beja bejane kang eling lan waspadha, ngawa waspa mungkasi crita, limang warsa iki durung pinasthi, isih ana margi kang bisa dilewati, waton padha nrima lan legawa, samubarang bakal gampang jinangka, yen ta wis pinasthi, hamung Gusti kang paring widhi lan mukti, tak sesuwun tetepa padha ngolah rasa, dimen dharma kencana kagegem ing asta, limang warsa ora rinasa, panase ati wktu iki, bisa dadi lali marang diri, AJA NGANTI......, Tengahing ratri, Srandil 6 april 2019.

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar