Selasa, 12 Februari 2019

LINGSIR

Lelaku satriyatama pancen ora gampang,
ora mung cukup kanthi murwating bandha lan landheping ngilmu, nanging uga kanti jembaring bobot kang abot,
sakdurunge lingsir tekan ing wancine.
Awit nadyan sawetara gumanti gagrak anyar,
tansah ngemu esem kang sarwa endah, tansah nyebar pang-arep2 kamulyaning urip,
tansah andum kabecikan ing sadina-dina,
tundhone kabeh mung semu ora ana liya .
Kagawa saka anggayuh kalungguhan agung, kang durung titimangsane.
Wayahe isih durung lingsir, isih ana wektu.
Ora kudu ngumbar dustha ngayawara kang gawe lara,
luwih becik mandhita, manekung marang Gusti kang kuwasa, yen ta wis cinipta satriya tama,
dhampar agung ora mung dadi impen,
limang warsa ora rinasa.


Srandil,  Februari 2019.

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar