Sabtu, 14 April 2018

NGUNDHUH WOHING PAKARTI

Landheping pikir kuwi kautaman
Bakal murwakani panguripan pinilih
Ora mung ngendhel ke lantiping ukara, lan trajuning olah basa kang tumurun,
Sejatine urip kuwi, ngundhuh wohing pakarti
Bebasan tetanduran siniram banyu bening
Dumadine papan kang mikolehi
Merbawani, sinawang ing pucuking mega-mega
Nanging ana sing isih kudu didandani
Nalikane panyuwunan durung tumuju
Ana ringkihing ati kang gawe goreh, nyandhet panggayuh luhur,
Ngundhuh wohing pakarti,
aja nganti kadaluwarsa,
Isih ana wektu....

Witantono Dumadi, April 2018

Tidak ada komentar:

Arsip Komentar

Yvette commented on riwayat sejarah: “Selamat tinggal, Nama saya Yvette dan saya tinggal di Belanda. Saya menemukan blog Anda melalui…”
Tomatmaniz commented on ketua rt 06: “Selamat mengemban tugas Bapak Triyatno smg amanah ,sehat selalu,semangat🫰🏼🥳”
Anonymous commented on progres pembangunan 2021: “Assalamuallaikum bpk/ibu Saya dari AB07 KARPET mau nawarin karpet masjid.bisa pasang dilokasi…”
Argopeni Kutoarjo commented on progres pembangunan 2021: “Aamiin...”
Argopeni Kutoarjo commented on khitanan massal ke 7 1439 h: “Khitanan massal 2019 sudah dimuat di…”